Tolabul Ilmi

WACANAMARZUKI. Nopo niku tolabul ‘ilmi? Njih meniko sinau babagan ilmu supados ngerti. Tujuane, kangge dipun lampahi ing dalem ngabekti marang Allah Subhanahu Wa Ta’ala. Niki kulo notokno pisan tujuane gesang manungso adedasar QS. Adz-Dzariyat ayat 56. Saking meniko tolabul ‘ilmi niku abot hananging nglampahi ‘ilmu niku langkung abot. Sinau mangertosi toto carane sholat tahajut lajeng mangertosi kautamaane sholat tahajut niku kito kedah korban wektu lan tenogo, hananging nglampahi sholat tahajut luwih abot amargi kito kedah bener bener niat lan tekad ingkang kuat. Kathah tiang ingkang kepengen nglampahi sholat tahajud hananging namun kepinginan mawon mboten disertai niat.
Wonten ing setunggal riwayat, bilih ilmu ingkang manfaati meniko kalebet wonten ing setunggale ‘amal jariyah. Lajeng, pripun toto coro supados ‘ilmu saget manfaat? Sepisan meniko dipun milai saking niat wektu awit tolabul ‘lmi. Tolabul ‘ilmi niate kedah lillahi ta’ala, kangge wushul dumateng Allah.
Amargi, Allah mboten ndadosaken jin lan menungso meniko kejobo mung diken ngibadah. Dados niku prinsip awal. Sedoyo mawon kedah dipun damel sambung dumateng Allah. Lamun ngoten motivasine, Insya Allah mangke ngilmu niku dilampahi bade enteng. Lan kito sedoyo ampun leren nyenyuwun dumateng Allah supados diparingi gampil anggene ngibadah. Sae ngibadah ingkang mahdoh, goiru mahdoh.
Ibadah Mahdoh njih meniko ibadah ingkang murni hubungan dumateng Allah Swt, ingkang adedasar dalil Al-Qur’an utawi  sampun dipun contoaken dening Nabi Muhammad Saw, lan azase taat dumateng Allah. Goiru Mahdoh njih meniko ibadah ingkang hubungane mboten mawaon murni dumateng Allah hananging ugi dumateng hamba-hamba, utawi menungso lintune. Dasar ibadah goiru mahdoh injih meniko nglampahi kesaenan lan manfaat.
Alhasil, monggo kito manfaataken ilmu ingkang kito gadahi. Wonten maqolah : al-ilmu bila amalin kasy-syajaroti bilatsamrotin. Ilmu tanpa pengamalan seperti pohon yang tak berbuah. Perkataan lain: al-amalu bila ‘amalin mardudatun laa tuqbalu, (13:20/17/08/2017)


Tentang penulis :

Marzuki Ibn Tarmudzi, pernah mencicipi sedikit segarnya lautan ilmu di Pondok Pesantren Bahrul ‘Ulum Tambakberas Jombang, Jawa Timur. Hobinya yang suka nyorat-nyoret kertas ini dimulai semenjak nyantri. Kini, hobinya itu dituangkan di berbagai media online, itung-itung sebagai aksi dari ; “بلغوا عني ولو أية “,” sampaikanlah dariku walau hanya satu ayat ”.