Migunaaken Akal

Bismillahirohmanirrohim.
ÉOó¡Î0 «!$# Ç`»uH÷q§9$# ÉOŠÏm§9$# ÇÊÈ   ôs)s9ur $tRù&usŒ zO¨YygyfÏ9 #ZŽÏWŸ2 šÆÏiB Çd`Ågø:$# ħRM}$#ur ( öNçlm; Ò>qè=è% žw šcqßgs)øÿtƒ $pkÍ5 öNçlm;ur ×ûãüôãr& žw tbrçŽÅÇö7ム$pkÍ5 öNçlm;ur ×b#sŒ#uä žw tbqãèuKó¡o !$pkÍ5 4 y7Í´¯»s9'ré& ÉO»yè÷RF{$%x. ö@t/ öNèd @|Êr& 4 y7Í´¯»s9'ré& ãNèd šcqè=Ïÿ»tóø9$# ÇÊÐÒÈ  

By: Kang Kipli
Sedoyo Poro bapak soho Ibu ingkang dipun mulyaaken dening Allah Ta’ala.........
Kathah sanget wonten ing Al-Qur’an ingkang nyebataken bilih kito kedah migunaaken akal kito meniko kangge mikiraken ayat-ayatepun Allah. Ayat-ayate Allah wonten ingkang arupi Al-Qur’an, lan ugi ayat-ayate Allah ingkang kauniyah, injih meniko alam semesta. Nopo tujuane mikiraken ayat-ayate Allah meniko? Injih meniko, supados kito langkung taqwo dumateng Allah.
Pripun contone mikir ayat-ayat kauniyah supados nambahi raos ajrih dumateng Allah? Njih, umpami kito wonten ing sabin utawi ing sawah kito saget ningali toyo ingkang mili wonten ing sawah meniko. Bilih Allah ndadosaken toyo meniko kangge kauripan. Sedoyo kauripan mbetahaken toyo. Lajeng, pripun kahanane sawah seumpami kemarau ingkang dowo, mesthi khususe wong tani bingung, amargi mboten saget nandur. Akibate wong-wong tani mboten gadah penghasilan. Yen wong tani mboten gadah penghasilan bingung nafkahi keluarga. Lamun kulo lan njenengan sami gelem mbiasaaken mikir ngoteniku, terpenting iman kito tetep awet. Kados baterai hp njenengan yen dijaga daya baterene. Lan, insyaa Allah saget mbikak kesadaran supados bersyukur Nah, lamun gelem kito sedoyo syukur Allah sampun janji bakal nambah nikmate.
Bapak soho ibu ingkang tuhu kinormatan.
Allah Subhanahu Wa Ta’ala ndadosaken akal meniko tamtu supados kita kedah mikir lan kito langkung cedek dumateng Allah. Mboten sewalike, amargi kathah tiang ingkang remen mikir hananging malah ateis. Ateis niku mboten percados kalian eksistensine Allah. Tiang ingkang ateis nggadahi pandangan bilih sedoyo wonten alam meniko mlampah jumbuh kalian hukum alam. Padahal, Islam nerangaken bilih sedoyo meniko mlampah sesuai kalian izin Allah.
!$tB z>$|¹r& `ÏB >pt6ŠÅÁB žwÎ) ÈbøŒÎ*Î/ «!$# 3 `tBur .`ÏB÷sム«!$$Î/ Ïöku ¼çmt6ù=s% 4 ª!$#ur Èe@ä3Î/ >äóÓx« ÒOŠÎ=tæ ÇÊÊÈ  
Hadirin-hadirot ingkang minulyo.....
Wonten ing ayat pambikak wau, QS. Al-A’rof[7]:179, ingkang kirang langkung artosipun,
Lan saktemene kito dadosaken kangge (isine neroko jahanam) mayoritas saking jin lan menungso, mereka nggadahi ati, hananging mboten didamel mahami (ayat-ayat Allah) lan mereka nggadahi peningal (nanging) mboten didamel kangge ningali (tondo-tondo kuasane Allah), lan mereka nggadahi kuping (hananging) mboten didamel mirengaken (ayat-ayat Allah). Mereka meniko kados rojo koyo, bahkan mereka langkung sesat malih. Mereka meniko tiang-tiang ingkang lalai.
Ayat niki sebenere motivasi kangge tiang ingkang seneng mempelajari Al-Qur’an hananging ayat niki ugi gertakan, intimidasi kangge tiang ingkang babar pisan mboten purun mikirno ayat-ayat Allah. Ancamane Allah injih meniko neroko jahanam. Lajeng, Allah mastani tiang ingkang mekaten kados rojo koyo, “bal hum adhol” bahkan langkung sesat tinimbang rojo koyo.
Tujuane menungso injih meniko ngabekti dumateng Allah Subhanahu Wa Ta’ala. Dawuhe Allah, supados kito tetep eling, njih meniko,
$tBur àMø)n=yz £`Ågø:$# }§RM}$#ur žwÎ) Èbrßç7÷èuÏ9 ÇÎÏÈ  

Ora ndadosaken Ingsun jin lan menungso kejobo mung supoyo ngabdi
Dados migunaaken akal meniko njih perwujudan kito ngabdi dumateng Allah, amargi segala gerak gerik kito kedah dados ngibadah dumateng Allah. Pramilo mikir meniko kedah kito niati manembah dumateng Allah. 21:40/21/08/2017










Tentang penulis :

Marzuki Ibn Tarmudzi, pernah mencicipi sedikit segarnya lautan ilmu di Pondok Pesantren Bahrul ‘Ulum Tambakberas Jombang, Jawa Timur. Hobinya yang suka nyorat-nyoret kertas ini dimulai semenjak nyantri. Kini, hobinya itu dituangkan di berbagai media online, itung-itung sebagai aksi dari ; “بلغوا عني ولو أية “,” sampaikanlah dariku walau hanya satu ayat ”.